

- 13
- Episodes
- 2020
- First episode
About Ben Genep
Halo, dimas diajeng pendengar sekalian. Ngaturke salam, kenalan ro podcast anyar Ben Genep. Ben Genep, podcast sing nyantai, random, rada mutu, tur wagu. Mbahas macem-macem, seko asmara nganti putus cinta, seko sekolahan tekan bab gawean, seko punuk unta tekan joyo boyo. Random lah, pokok e. Ora serius, tapi tulus. Ora abot, tapi nyokot. Ora kenceng, nanging gayeng. Kanggo pendengar sing keren-keren, pengin urun, iso komen. Komene ning halaman Instagram Ben Genep ialah @ben_genep. Selamat listening!
- Publisher
- ben_genep
- Category
- society & culture
- Language
- he
- Explicit
- Yes
- First episode
- 4 Apr 2020
- Latest episode
- 10 Jul 2020
Latest episodes
13 episodes in the feed.

10 Jul 2020
Encore
11 Juli 2020 Kode: 0013PCM01a1 <MULAI MEREKAM> <Bzzt> ... -lo?! halo?! .. ... <Bzzt> ... -oordinat .. ... <Bzzt> ...misi proxima centauri! ganti! hal-.. ... ... <Bzzt> ...-sigen, kritis! ganti! halo, induk! menunggu koman-... ... <Bzzt> ... iki baute pasang ngendi?! - ucul?! - ho'o! - jal cek proto- ... ... <Bzzt> ... uk, breathable? - aman, proses konvers-.. ... ... <Bzzt> ...-ra iso bali njukan - manteb, any last word? - halah. film po. wes ndang dicountdow- ... ... ... <END RECORDING> Properti milik Biro Antariksa Nasional

19 Jun 2020
Realitas Cinta Mbak Mbak Sadgirl
Kowe-kowe sing do mringis licik mengendus kesempatan ana mbak-mbak nelangsa lebar dipegat yange, awaswe! Aku ndhisik sing weruh, mundhur kon! XD Hahahaha Kalem~ kalem~ Guyon lho iki, aja njuk nge-like lan komentar sing akeh ning IG Ben Genep @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/) sing kemungkinan bakal di-like ro kita njuk dikomentari sayang lho <3 (entah sing ngrungokke ana po ora T^T). Tapi, jal dilamuni, mbak e tenanan pegat ra? nelangsa tenanan ra? diantara banyak lelaki sing luwih lakik napa moro ning nggonmu? Meh nyetop bagian otak pengontrol hasrat berkembangbiakmu ben iso metani kui? Or, "screw that, itadakimasu!" ? XD. Either way, nek metu omah aja lali maskeran, wujudmu hideous! Tetep. @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). IG. Komentaro. Please <3

12 Jun 2020
Neither new nor-mal | Mail Time!
Wis sak wetara ki, lebar wong-wong do lebur dadi awu, sing pas kui ndonya mungkin luwih milih diselametke ro tikus sing ndilalah sikile midak remot sing ana ning dashboard mobil, tinimbang uwong sing ra melu ngilang nemu mobil kui tur penasaran lan luwih ngerti tombol ki isa diapake tapi terus mindah mobil sing diparkir ning ndhuwur gedung kui tansah ngati-ati sing ya dibalut teknologi menggiurkan nan lootable tur ra ana sing nunggoni, njuk ngati-ati ndeleh tombol penentu takdir mau ning dashboard mobil kui. *haaaaaagh.. sori, gais,.. *hehh-eheh-eheh.. ngewehi info panjang *hehh-eheh.. nggo cara sing nyleneh *hehhhh... sak rengkuhan napas ki jebul kesel. *ngombe ... Anyway, lebare uwong-uwong do mak cling mbalik wutuh meneh tapi ndonyane wes luwih tuwo limang taun. Nek nggo mereka ngumpulke akik nenem, nek nggo dhewe vaksin. Nanging, stres e podho, grieving e yo podho (paling). Sori dilebayke, tapi tanpa menganggap remeh kenyataan sing dirasakke saiki, sakjane mungkin kahanane podho (kan?). New normal Tanpa nonton skalane, nek ra keliru, dhewe, survivalist, ngalami 'new normal' mbendina, ndakra? *kukur-kukur Jal, dicek episode iki, nek uwis komentar ning IG Ben Genep @ben_genep. (https://www.instagram.com/ben_genep/) Pretty please ;) *wink Selamat listening!

5 Jun 2020
Aman adalah aku
Hey, guys, ireng ro putih lak kontras to wi. Jal, nek mbengi, sak wetara peteng, mati listrike pas saklar lampune isih 'on'. Mak byak, listrike urip meneh njuk matane disilauke ro padhange kamarmu in split second, ra ana foreplay sek ujug-ujug, JLENG! Uuuh.. Goal e Ben Genep ngono lho. Dalam penatnya penderitaan hidup, kita pengin ujug-ujug melenakan indera pendengaranmu dengan mencurahkan kasih sayang. Harapane sih, meresap ning lubuk hati pendengar. Ben Genep, kita kepengin merasakan sing pendengar rasakan nek tangi gasik njuk semacam dijak guneman ki.. Teler *sigh Dingapuro ya nek kita selalu dengan tanpa sadar dan malu promo ben genep sing ana ning IG @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/)

29 May 2020
Bebadhanz
Bhuaa, wes badha! Ra krasa ya wes wayahe njaluk ngapuro dengan tulus dan sungguh-sungguh lewat kalimat ngapuro paling syahdu sing pas nggo copy-paste-brodcast. Hhaha.. Smartphone oh smartphone, kita sayang padamu! Hhaha. Ben Genep, diantara podcast liyane, mungkin paling absurd tur nggemesi tur mbingungi tur menyesatkan mood kalian sehari-hari, merasakaan urgensi perlu ngapuro sing paling tenanan, cah. Sugeng riyadi, sedoyo lepat nyuwun ngapunten, everibodey! (ora copy-paste iki, tenanan iki *wink) Dibalik nyamlengnya roker turbo (roti kering turahan badha), dan khidmadnya orkestrasi long dan mercon di kejauhan, po opor ayam lan kupat sing dikon nambah lagi-lagi-lagi-lagi.. taun iki ra se-masive taun-taun wingi le ana big boy you-know-what (sengaja ra disebutke kui apa soale wes do males njuk kita ganti wae ro kata pengganti liyane ben ora repetitif tur luwih singkat *ehem corona *ehem)... sedaya lepat nyuwun ngapunten. Hey, ning kan taun iki ana Ben Genep sing ngancani monotonnya urip kita semua. Huahahaha. Wes monoton diselebrasi sisan, Ben Genep to! Anyway, seperti biasa (please, dibiyasake *emoji memohon) komen ning IG kita ya @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/), mengko bakal dapat pelukan dengan menerapkan etika physical distancing wes <3 Keep calm and cuci tuh tangan biar gaduh sampai mengaduh! Cheers! ;D

22 May 2020
Gepeto dan Pinokio | Ndongeng!
Spesial ki, gais. nambah varian rungon-rungon. Kita nggawe drama kecik kaya judhule. Gepeto ro Pinokio. Iki tetep Ben Genep kok, dimas diajeng, tetep wagu tur ngganggu. Hahaha. Ning ya nek iso tetep menghibur no ya ;D Hm? Piye-piye? Iki ana pesan morale po ora, tanya kalian? Halah, ra semang digagas, ora ana wes, ra ana *wink-wink. Kita ra wise, gais, ming ethok-ethok e wae *wink-wink Let us know ya ning IG @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/)nek episode iki kok tanggung po terlalu brilliant formate, hahha. Kita selalu berusaha kesane humble ning jane umuk. Tapi tetap sayang kalian tujuane lho ;D

15 May 2020
Dedek | Mail Time!
Kanggo dimas diajeng sekalian, maturnuwun wes ngrungokke podcast Ben Genep. Ra gampang lho tetep setia ngrungokke ke-absurd-an Ben Genep ki, lha wong dijanjeni menghibur malah bikin gerah hati, lha ra ngewehi solusi je. Waiki, konangan mesti gek ngrungokke sak episode kan, jal nek ngrungokke episode liyane, lak dibukakke cakrawala pengetahuane, dadi tambah jelas ngono, nek Ben Genep ncen nggilani XD Tapi nek ana sing isih setia. S A L U T. Kalian aneh. Hhaha. Tapi manfaate jelas lho, nek ujug-ujug sakit kronis njuk mengalami penderitaan lahiriah, kalian ra bakalan bergeming, iso pamer ro tunggale, "Ini belum seberapa dibanding menyimak Ben Genep". Nghhh.... Nyamleng wis to. Tenang, gais, kesetiaan kalian ana balesane. Gentenan kalian sing dirungokke. Episode iki, Ben Genep meh moco komen lan pertanyaan kalian. Kita rungokke, kita wangsuli. Iki jelas ora le modus, karena kita kentekan bahan nggo ngisi podcast, lali, wektune wes mepet, males, gek m, atau mempertanyakan realitas yo. Iki murni ora jelas kok. Ehem... So,... koyo biasane, nek meh nimpali, cek IG Ben Genep @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). Tetap gayeng, gais. Sugeng listening!

8 May 2020
Selamat Datang Di Minimarket
"Wuahh, ngelih." "Nanging meh makan berat kok samar kewaregen, njajal ah menyang minimarket." Buaaa, do otomatis mikir ngono ra jaman saiki? Lha, kepiye ora ngono jal, saiki minimarket ki komplet je. Yo ra, bosku? Meh nggolek klethikan lengkap, baverages yo lengkap, bumbon? Sandal? Kolor? Kondom? Wuaaa, lha mesti ono XD. Minimarket wis bukak ning ngendi-endi sisan, selot gampang do marani. Sopo wae bakal bungah nek mbukak lawang diceluk "Selamat datang, selamat berbelanja", po le iso milih blanjan sing cemepak komplit, njuk entuk kesempatan sodakoh sisan nek susuke receh tanggung kae. Sedappp! Dimas diajeng, ning episode iki Ben Genep meh nyonto minimarket. Nek dimas diajeng sekalian gundhah gulana, njuk krungu disapa "Selamat datang di Ben Genep", karepe kita, pendengar ki njuk mak serrrrr, estatic, salting, bingah tak terperi ngono. Atau palah njuk mengalami efek samping overdosis obat XD. Ora-ora, aman kok iki. Tapi nek meh sambat yo ditompo nggon IG @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). Selamat mak serrrr!

1 May 2020
Bat watuk
Kanggo sing do ngernyitke alis lebar nonton judule. Podho, kita yo ho'o. Ning, aman kok, iki episode e cen random kaya masa depanmu XD Kaya masa depanmu, ra iso kebedhek sak lengkape. Ning po meh disawang thok? po meh ditambah dirancang? ditambah dilakoni? ditambah dievaluasi? wes cukup? Nggon episode iki, dhewe meh sambat sinambat binti urun rembug. Nduduhke Ben Genep sing dadi bagian cilik seko sawangane dhewe tentang masa depan. Sing mestine Dimas Diajeng pendengar sekalian ya nduwe konsep serupa. Yo sinambi ngolet, nyrutup kopi (teh po beverages liyane yo entuk nek do alergi kopi), karo siapke sabar (soale iki wonge do ngawur XD), podho guneman. Lewat IG kita yo iso @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). Happy midangetaken! ;D

24 Apr 2020
Asmara Distancing
Walah, ndilalah gek kesengsem-kesengseme kok social distancing... Resah hati. Hhaha.. Untung wae saiki wes ana hape sing 'semart' ya, dadi tetep iso 'dekat di hati'. Auuuuu Episode iki dhewe ngomongke bab social distancing sing marai pasangan muda mudi berasa LDR-an. Jiaaaa. Iso dadi tren ki. So, setel podcast Ben Genep, yuk! Nek meh sambat yo diwelkom lho, ning IG Ben Genep @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). Niscaya, atinye njuk anyess, atau palah anyel. Hhaha

17 Apr 2020
Urip Arep Opo
Ki, episode telu! Isih sehat to doan? Ngancani sing do gogok omah menghelat social distancing, tinimbang ongkang-ongkang mbok karo nyetel Ben Genep. Apalah arti ongkang-ongkang nek ra ro ngece podcast sing ra mutu ki? Hhahaha. Jarene urip ki ming mampir ngombe, padhal ngombene ki oleh milih meh opo. Nganggo wadhah opo. Dientekke po ora. Sepiro. Lha kan, dawa. Kayane kok gari kepenak disuguhi. Jebulane ora disuguhi. Ombene nggolek dhewe. Po jane ora disuguh ombe, tapi panganan. Weit! Tapi tenang, diproses alon-alon. Ben Genep nyuguhke dengan ngawur kok, ben padha isa urun. Tinimbang prei nganti lali dina? Nha, Ben Genep karo iso ngelingke, wong ya mengudara mben dina setu. Kepenak meneh nek follow Instagram Ben Genep ning @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). Nek isine mulai ra mutu, kita siap disayangi dengan cercaan kalian, kok. Hhahaha. Salam cuci tangan!

10 Apr 2020
Canda Adalah Candu
Halo, para pendengar, durung kapok to ngrungokke Ben Genep?! Mbok kapok wae, ra semang komentar ning IG ne Ben Genep nggon @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/). #modusraketulungan hhahaha.. Guyon lho (Tapi, komen ning IG ne tenanan lah. pliss ;) Guyon alias canda ki isa marai pikiran kepenak, ngguyu, marai rileks, melepas penat di hati. Ouuuh.. Ning, po guyon ki isa kapan wae? Ora ngerti wayah? Mungkin wae ora oleh ngono, tapi komen ning @ben_genep (https://www.instagram.com/ben_genep/) ora kenal nggon lan wayah oleh kok, hhahahaha #modusraketulungan. Nha, nek penasaran (nek lho iki) langsung wae simak episode 2 iki. Ra njamin bakal cetho ;)

4 Apr 2020
Ben kenal
Halo, dimas diajeng. Kenalan ro podcast anyar Ben Genep. Selamat listening! :)
Host of Ben Genep?
Claim your podcast to manage its listing and keep your show details accurate.
Pod Engine is an independent podcast discovery and analytics service and is not affiliated with or endorsed by this podcast. Artwork and show content belong to their owners. Full legal notice.