NGELEWES = Ngerasani Leader gak BUWERES. Leader ada yang beres & nggak beres, nah yang gak beres kita RASANI disini. bersama 4 anak buah yang kerjanya juga gak beres. dengan gaya cangkruk'an ala Jawa Timuran. tapi kadang juga bahas yang lain. dan kita akan RASAN-RASAN setiap hari SENIN & KAMIS
Instagram : @podcastngelewes, Tik Tok : @podcastngelewes
17. Ben Podo Keterimo Kerjo kabeh, iki dikek'i Tips wawancara Ngadepi HRD Lur
Biasane lek pas Golek Kerjo iku, bagian sing nggarakno ndredek pas Wawancara mbek wong HRD, dadine saiki dikek'i Tips mbek arek2 iki piye pengalamane ngadepi HRD pas wawancara.
wes gak usa dowo2 wes langsung rungokno
Awakmu wes podo ngertikan lek nang Jakarta onok jenenge Citayem Fashion Week, lah ARek-arek Suroboyo iki dadakno yow akeh sing pingin Niru nang Jalan Tunjungan, nah kiro-kiro yo'opo iku rek??
gas langsung rungokno ae
21 Jul 2022
15 Pelatihan Nang Kantor iku duduk Gimmick rek
Kerjoan gak tau mari? Makane ojok mbok tinggal ngopi ae. Kerjo o sing tenanan ambek melok o pelatihan! Sedulur kabeh tau ngeroso gak kerjoan bendino mesti gak tau mari? Selain gara gara mbok tinggal ngopi sak uwen uwen. Isok ae iku gara gara sedulur kabeh kurang kompetensi. Lek jare arek arek jaman saiki, gak kudu kerjo keras tapi kerjo cerdas. Biasane bos bos mu sing rodok nggateli iku ngongkon anak buah e gawe melu pelatihan sing isok ngunggahno skill mu, misal e "satu detik paham excell" utowo "cara cepat mahir mengetik sepuluh jari". Piye sedulur kabeh kiro kiro gelem gak lek dikongkon bos mu melok pelatihan sing koyo ngono iku?
11 Jul 2022
14. Mlaku mlaku utowo boso keren e Healing iku perlu lur, terutama gawe sing kerjone abot naudzubillah.
Bulan juni juli ancen biasane kantor kantor podo nggawe acara mlaku mlaku alias healing. selain meningkatkan keakraban, jarene se ben karyawan koyo awak dewe iki dadi tambah semangat kerjone, sing sales yo tambah semangat ngejar target e.
Eits, onok tapi ne, piye nek misal e mari mlaku mlaku ngene iki malah ditagih utowo ditambah kerjoan sing macem macem ambek bos mu. Opo gak tambah mumet? Ayok dibahas ng kene.
7 Jul 2022
13. Tuku Bensin saiki wes modern dulur, gawe aplikasi
Jaman wes serba canggih, isi pertalite saiki wes kudu gawe aplikasi nang Hp, sangar kan eh tapi kan nang Pom Bensin gak oleh nggawe Hp ya... terus piye?????
wes langsung rungokno lur solusine
Maen Selot nang Hp iki opo iyow iso dadi Sandang pangan? jare sarkem iso gawe sandang pangan soale opo maneh lek iso dadi gambar Nogo, wes langsung ae coba di rungokno
30 Jun 2022
11. Lek awakdewe, SETUJU 100% Peraturan CUTI HAMIL sing anyar
Dulur kabeh wes krungu gurung lek cuti meteng maringene jangka waktune 6 bulan, nah kiro-kiro sing cuti lali gak garapane nang kantor lapo ae???
coba langsung rungokno kenopo kok awak dewe setuju
27 Jun 2022
10 AREK ANYAR, JARE TIKTOK MENENG TOLA TOLE, GERAK SALAH KABEH
iki awak dewe podo bingung lur, ndelok arek-arek anyar nang kantor iki kok podo ngguateli, arep di kandani engkok dikiro senioritas. gak di kandani garapan tambah akeehh...
wes Coba piye menurutmu??
24 Jun 2022
9. Sing GAJINE MEPET, merapat lur dia ajari arek2 njaluk mundak'an gaji
Masalah gaji utowo bayaran iki ancen angel lur, kadang durung sampek tanggal limolas wes entek. ancen kerjoan iki sawang sinawang, onok sing kerjo e guyon tapi bayaran tenanan, onok sing kerjo e tenanan tapi bayaran guyonan. Sedulur kabeh gak usah nelongso, nyoh tak kei tips piye carane njaluk mundak bayaran sing sopan nang bos bos mu sing kurang ajar iku.
wes monggo dirungokno bareng bareng.
20 Jun 2022
8. Ojok Minder lek awakmu kerjo Manca Desa, Nang Manca Negara ae bos'e yow podo seneng dikatok'i (Ngatok=Menjilat)
Sedulur sing sek ngeyel kepingin kerjo nang luar negeri, iki onok koncone Cak Wan sing wes suwe ngelakoni kerjo ng luar negeri.
Rungokno cerito susah senenge, apik sak nggateline, ojok lali mesisan palajarono budaya ngatok e koyok opo.
16 Jun 2022
Ceritane sing wingi awak dewe rasani moro
Dadi ngene lur sarkemkan durung isok join, lah kok sing wingi awakdewe rasani moro marani rene. Wis mesisan tak kongkon cerito pas wingi dipecat. Gak usah dowo-dowo langsung rungokno ae
Dino iki akhire SARKEM njupuk keputusan gawe lungo, asline uaaboot nemen tapi yo opo maneh ini dalan sing wes dipilih. Ayo didungakno mugo SARKEM lancar urusane kabul kajat e.
9 Jun 2022
WFH & kerjo remut wes gak usum Jare cak Elon Musk
Awakmu sek kerjo WFH opo wes mbalik nang kantor?? jarene Cak Elon wes gak usum, kerjo WFH iku, soale kantormu Rugi Mbayari wong turu Nang Omah WKWKWKWK.
wes rungokno ae polemik WFH
6 Jun 2022
Jarene arek saiki, Lek kerjo bayarane kudu GEDE
Wong biyen lek golek mantu Kudu "SERAGAM COKLAT" ben oleh pensiunan. lek jaman saiki pensiunan keri, sing penting bayarane gede, lek cilik gak isok tuku "APEL KROWAK" ambek "KOPI STARBAK".
opo bener koyok ngono?
2 Jun 2022
Opo sing kudu mbok lakoni lek Kantormu UAKKEEEHH... DEMIT'e
Dadi Episode kali iki, awak dewe wong papat iki duwe kisah sing meh podo soal perdemitan, lan lebih sepesifik (gaya bahasa inggris) demit-demit nang kantor. Mulai ketemu SULAK MUMBUL, sampek Krungu wong Mbisik'i. piye Mengkorok gak awakmu lek koyok ngunu?? wes langsung rungokno ae episode iki
Dadi ngene lho rek, Mas Nip iki mbiyen pacaran ambek konco sak kantor, jarene ndang RUWET ambek kantor. mosok jodoh di temukno nang kantor kok malah dipisahkan ambek peraturan kantor.... hayoo piyee?? wes langsung rungokno ae iki carane Mas nip nggelibet ben gak ketemon pacaran nang kantor sampek iso rabi
26 May 2022
KOYOK NGENE LHOO BOS IDAMAN KARYAWAN IKU
Jarene kan lek wong kerjo golek nyamaaann... Eh salah Golek gaji ambek Nyaman. tapi kok Bos'e gak cocok ambek awak dewe, sak jane iki Bos piye seh sing enak di gawe kerjo bareng iku, wes gak usa dowo-dowo. NYOOHH.. langsung Rungokno
23 May 2022
SEJARAH KENOPO KOK ISO ONOK PODCAST NGELEWES
iki awak dewe wong papat sak duluran, pingin cerito, kenopo seh sakjane kok awak dewe iki gawe Podcast iki. dadi langsung ae di Rungokno ya...
Host of Podcast Ngelewes?
Claim your podcast to manage its listing and keep your show details accurate.
Pod Engine is an independent podcast discovery and analytics service and is not affiliated with or endorsed by this podcast. Artwork and show content belong to their owners. Full legal notice.